Rabu, 14 Maret 2012

Masa Sekarang Negara Bangsaku

Semakin hari semakin bertambah pula masalah yang dialami negara bangsa
ini. Entah mulai masalah politik sampai kemasyarakatan yang tampaknya
belum terlihat ujung penyelesaiannya. Apa yang akan terjadi
selanjutnya?, begitulah kira-kira yang terlintas di benak sebagian
masyarakat. Rupa-rupanya semua masalah tersebut berpangkal dari apa
yang namanya uang, atau lebih halusnya disebut ekonomi. Pemerintahan
negara ini tampaknya ingin berusaha mensejajarkan negara bangsa ini
dengan negara-negara lain di dunia yang masuk kategori maju dan mapan
secara ekonomi. Segala macam cara ditempuh oleh pemerintah, tampaknya
mengedepankan cara-cara barat atau berpatokan pada kaidah kapitalisme.
Mereka atau pengurus negara yang notabene adalah orang-orang pintar
berusaha mendobrak apa yang disebut dengan kearifan-kearifan lokal
dengan maksud supaya maksud kemajuan secara ekonomi dapat tercapai,
dan akhirnya negara bangsa ini tidak berada di posisi negara dunia
ketiga, serta setidaknya dapat sejajar dengan negara-negara maju di
dunia. Kita, nusantara, beraneka ragam tipe masyarakatnya, belumlah
bijak jikalau pemerintah terlalu memaksakan kemajuan ekonomi yang
melanggar nilai-nilai luhur dan kearifan lokal tiap-tiap masyarakat
nusantara. Industrialisasi yang meluas dan tidak tepat, menyebabkan
beberapa bagian masyarakat menjadi korban. Konflik terjadi
dimana-mana. Bangsa yang terkenal murah senyum tiba-tiba berbalik
seratus delapan puluh derajat menjadi mudah marah dan mudah tersulut
emosi. Inikah wajah nusantara sebenarnya?

Pemerintah dengan iming-iming peningkatan ekonomi, menyuburkan
industri yang bisa dibilang tidak ramah sosial-budaya-lingkungan-alam
nusantara. "Yang penting negara ini berekonomi baik", begitu mungkin
ujarnya. Apakah perekonomian negara yang "baik" tersebut berbanding
lurus dengan kemakmuran, kedamaian, dan kesejahteraan
sosial-budaya-alam-lingkungan?, entahlah. Memang ekonomi negara bangsa
ini tergolong membaik, tetapi efek atas dan bawah terus saja terjadi.
Ekonomi negara cenderung berkawan dengan dunia politik, atau
sebaliknya, dan ekonomi negara tersebut belum terlalu lancar arusnya
sampai ke masyarakat-sosial-budaya-lingkungan. Di tataran atas, efek
samping tipu-tipu, kemunafikan, dan korupsi menjadi hal yang tampaknya
akan menjadi sesuatu yang lumrah.

Kita sebaiknya ingat, jikalau negara bangsa ini dibangun di atas
peradaban nusantara yang adiluhung, dengan keanekaragaman nilai-nilai
spiritual, kearifan-kearifan lokal, keanekaragaman hayati, dan
nilai-nilai budaya yang luar biasa besarnya, yang tidak dipunyai oleh
negara dan bangsa manapun di dunia ini. Negara bangsa ini bukanlah
dibangun di atas industrialisasi yang tidak memanusiakan manusia dan
merusak alam. Inilah yang seharusnya digali oleh pemerintah, atau
pemerintah setidaknya berpikiran ke arah sana. Kita bangga dengan
Indonesia yang memiliki keanekaragaman hayati dan budaya yang luar
biasa besarnya, bukan bangga dengan industrialisasi yang
menyengsarakan dan menganiaya itu semua. Pemerintahan sudah jelas
tugasnya, mengayomi dan memfasilitasi masyarakatnya, serta
masyarakatnya setidaknya harus punya kesadaran dan daya kreasi untuk
mewujudkan itu semua. Apabila dua itu hal berjalan beriringan dan
selaras, tak bisa dipungkiri, kemakmuran akan menyambangi setiap
masyarakat dan keanekaragaman hayati-budaya Indonesia akan semakin
meningkat kualitas dan kuantitasnya.

Malam Melankolis

Rupa malam ini semakin melankolis saja
Entah esok
Tidak berbeda dengan malam sebelumnya
Namun, malam ini lebih membuncah

Tampaknya bukan lantaran gelap yang meunutup terang
Melainkan lesapnya sepenggal asa
Jiwa jiwa penghuni mayapada
Lihatlah, betapa banyak mata sayu dan merah
Bahkan tubuh pun memucat
Tidak ada beda dengan mayat
Kosong dari pengharapan

Ah, lihatlah dan dengarlah!
Narapraja pun enggan berkomentar
Hanya ceracau dalih dalih yang terlontar
Diam diam tangan mereka ikut mengacak acak pengharapan nan berwarna
Apatah ini yang menjadikan sendu menghias kala malam
Biarlah melankolis menjamahi setiap malam
Inilah empati manusia nusantara
Untuk esok yang lebih berwarna
Meskipun asa tinggal sepenggal

Bintaro, 15 Maret 2012

Senin, 12 Maret 2012

Pusara Kehidupan

Gundukan gundukan tanah lempung dengan sebatang pohon kamboja
Inilah pusara kehidupan
Gersang teduh tak jadi soal
Lantaran ini pusara kehidupan
Kadang terlupa dan dilupakan
Biarlah yang ingat
Menatap lekat sembari ziarah
Bertafakur sembari bersenandung lantang
Untuk lesapnya segenggam dan berkarung gurauan
Menyambut setitik kesejatian
Saat ini, besok dan masa mendatang


Bintaro, 13 Maret 2012

Jumat, 09 Maret 2012

Bêjo ora Bêjo

Kutho Bangkit jam 09.00 ésuk dina sênin, wayahé wong-wong dho kêrjo
lan cah-cah sêkolah wis padha budhal tapi dalan lan trotoar sampingé
alun alun iséh kotor.

Bêji : (markirké sêpéda jéngki ning ngisor wit cêmoro karo jupuk sapu
ning boncéngan sêpéda) wah wah asêm tênan, jam sêméné durung ono sing
têko, piyé iki sampah akéhé sêméné, moso aku dhéwé sing ngrêsiki.
Asêm, gaji mung iso kanggo mangan tahu témpé malah dikongkon kêrja
rodi. Wis lah, tak ênténané sing liyané, (ngêtokke handphone merk
china têko sak cêlononé) limolas mênit nék ora ono sing têko tak
tinggal mulih waé.

Bêjo : (ngêrém mêndadak ning mburiné Bêji) piyé Ji? kok iséh kotor
kabéh iki piyé? niat kêrjo opo ora? (markirké sêpéda jéngki ning
sampingé sêpédané Bêji).

Bêji : asêm ik, lha sampéyan iki ning êndi waé jam sêméné nêmbé teko?
opo sampéyan méh dadi PNS trus lali karo tugasé? (karo nglêbokké
handphoné ning sak celononé).

Bêjo : PNS opo tho?

Bêji : Halah, sampéyan iki, kaya wong lalinan waé.

Bêjo : Ooo kuwi tho, wong sésuk arêp mélu ujian CPNS thok og, kan yo
ora mêsti lolos Ji, lha wong aku cuma lulusan SMA thok (karo
ngrêgangké awaké).

Bêji : lha iséh bêjo sampéyan mas lulusan SMA, lha aku SD waé ora
lulus mas (jupuk sapu lan ékrak).

Bêjo : wis, wis, saiki balik ning gawéan waé (jupuk sapu lan ékrak),
loh sing liyané êndi Ji?

Bêji : mbuh mas, sinau kanggo tés sésuk paling mas. Sampéyan mau tak
kiro yo ora budhal mréné.

Bêjo : nék aku iki profésional og Ji (karo nêpuk pundaké Bêji).

Bêji : halah, tukang sapu waé ngomong profésional.

Bêjo : eee, ojo salah lho Ji, wong kêrjo iku dituntut profésional.
intiné yo kuwi dituntut profésionalismé.

Bêji : panganan opo kuwi, sampéyan ngêrti artiné opo ora? (mlaku
ninggalke Bêjo).

Bêjo : yo ngerti no.

Bêji : (balik mênéh) opo artiné mas?

Bêjo : yo ngono artiné, kêrjo yo kêrjo. Wis lah sing pênting halal (karo mésém).

Bêji : halah (nêruské langkah).

-----------------------------------

Awan sêkitar jam 01.00 awan, ning warung kopiné Dhé Mi wis dho ngumpul
Bêjo, Bêji, Lik Min, Mbah Marto lan Mas Kirno. Dho lungguh santai ning
bangku dhowo madêp méjo sing isiné panganan goréngan lan jajanan
pasar. Liyané iku ning jêro warung ono cah cilik lagi milih-milih
krupuk.

Dhé Mi : sésuk wis siap Kir? (karo ngudhêk kopi ning gêlas).

Mas Kirno : siap opo léh dhé?

Dhé Mi : dadi PNS (karo nompo dhuwit têko bocah cilik sing tuku krupuk).

Mas Kirno : lha iki mas Bêjo sing wis siap kéthoké (nyruput kopiné
sing iséh panas).

Bêjo : siap dunyo akhérat dhé (karo ngguyu).

Mas Kirno : aku sakjané yo êmoh mélu koyo ngono iku dhé, aku iki wis
iso makani anak bojo tanpa dadi babu pêmêrintah og.

Dhé Mi : lha sabên dino ngutang kok muni iso makani anak bojo Kir Kir.

Mas Kirno : tapi kan mêsti tak bayar dhé.

Lik Min : sék sék, sêbênêré kuwi kêrjomu opo tho Kir? (karo mangan bakwan).

Mas Kirno : lha kuwi daganganku (karo nunjuk akuarium-akuarium sing
dipajang ning pinggir dalan).

Lik Min : iku thok? (nadané ora percaya).

Mas Kirno : nggih lik.

Mbah Marto : jaréne krungu-krungu kowé mbiyén kêrjo ning pêrtambangan
lé? (karo nyumet rokok klobot).

Mas Kirno : sampun mbotên mbah, sakniki sampun ganti.

Bêji : mas Kirno kan sarjana kok gêlêm dagang iwak?

Mas Kirno : sarjana êndhasmu Ji.

Bêji : lha têrus opo mas?

Mas Kirno : aku ora tau mangan kuliahan og.
Wong cuma sêkolah kursus thok og, kok dianggap kuliah (karo ngguyu).

Bêji : opo bédhané mas?

Mas Kirno : yo bédha no, kuliah iku ragadé gêdhé. Wis wis ora usah
dibahas mênéh (karo nyeruput kopine sing iseh panas).

Bêjo : sing pênting kêrjo kuwi kudu profésional nggih mas?

Mas Kirno : wah pintêr kowé Jo, sinau têko êndi?

Bêji : kawit mau kok sing diomongno profésional (nglirik Bêjo karo
mésêm), mas Bêjo kan arêp dadi PNS mas, makané pintêr (karo mangan
gêdhang goréng).

Bêjo : kan sinauné têko sampéyan mas Kir (karo ngguyu).

Lik Min : kowé arêp mlêbu sing ning bagian opo Jo?

Bejo : kulo péngéné ning dinas kêbêrsihan lik.

Mas Kirno : wah iki sing jênêngé profésional tênan, ahli sampah dadi
pêgawai kêbêrsihan, sip tênan Jo, kutho iki lak malah dadi rêsik tur
nyaman dipandang, wis tak dongakké Jo.

Bêjo : amin, suwun mas, lha mas Kirno milih opo?

Mas Kirno : sakjané aku ora niat mélu tés CPNS Jo, aku dipaksa wong
tuo dikongkon dadi PNS pokoké, yo wis aku milih ning dinas pêrtanian
waé Jo.

Dhé Mi : kowé kok antêng dhéwé Ji, ora mélu tés-tésan pêgawai?

Bêji : mbotên dhé, mboten gadhah artha dhé, lak énak tak ênggo tuku
rokok waé dhé (karo ngemut rokok sing durung disumêt).

Lik Min : ngomong-ngomong kowé wis padha ngêrti durung, saiki kuwi
jamané pêsên formasi pêgawai.

Bêjo : opo kuwi lik?

Mas Kirno : iyo lik, wis ngêrti aku. ngéné lho saiki kuwi sopo waé
sing arêp dadi PNS kudu pêsên dhisik.

Bêjo : piyé tho, aku kok iséh durung mudêng (karo maténi rokoké sing
wis arêp ênték).

Mas Kirno : ngéné lho Jo, gambarané saiki kuwi sêbênêré kutho Bangkit
iki mung butuh 10 PNS, tapi kowé nék pêsên dhisik, jatah PNS kutho
Bangkit iso ditambah.

Bêjo : lha sing 10 wong kuwi sing bêjo yo mas?

Mas Kirno : 10 wong kuwi yo sing bêjo yo sing mbayar Jo (karo ngguyu).

Bêjo : lha aku yo mbayar lho mas.

Mas Kirno : mbayar opo?

Bêjo : kan mbayar biaya pêndaftaran.

Mas Kirno : (ngguyu), sing kêtompo kuwi sing iso mbayar 80 jutaan lan
titipan sing bapaké pêjabat utowo kênalané bupati.

Bêjo : wah tênané mas?

Lik Min : mosok kowé ora ngêrti Jo, makané ojo nyapu têrus.

Bêjo : lha têrus aku piyé iki Lik, lak mbotên sagêd dadi pêgawai
kantoran (karo ngemut rokok mênéh).

Bêji : aku iséh duwé konco nék ngono (ngguyu sampai kêsêlêk).

Mbah Marto : hus, kancané péngén dadi pêgawai kok ora didongakké.

Bêji : lha pripun mbah?

Mas Kirno : wis ora opo-opo, aku yo ora bakal iso masuk PNS, wis ngéné
waé, kowé tak dadékno pegawaiku waé yo (nunjuk Bejo).

Bêji : aku piyé mas?

Mas Kirno : kowé yo iyo, tak dadékké pêgawaiku.

Bêji : asik iso dadi pegawai, éh pêgawai opo mas?

Dhé Min : pêgawai opo Kir?, dagang iwak hias urip waé ko butuh pêgawai.

Mas Kirno : wah, dhé Min iki sênêngané kok underestimate (karo
ngguyu), aku kan rêncanané arêp mbangun warung makan dhé.

Dhé Min : lho nyaingi warungku nék ngono?

Mas Kirno : mbotên dhé, warungé dhé Min kan warung kopi lan bukaké
ésuk sampai soré, warungku kuwi warung ikan bakar bukaké wayah wêngi
dhé.

Bêjo : tênan lho mas, bén aku iso pénsiun dadi tukang sapu.

Dhé Min : aku nék mangan ning nggonmu digratiské yo? (karo ngêlap
gêlas sing arêp diisi téh angêt).

Mas Kirno : bérés dhé, nék sampun kulo nggih diréwangi rêsik-rêsik
warung (karo ngguyu).

Dhé Min : o, kowé iku kir.

Mbah Marto : kapan kowé arêp mbangun warung lé?

Mas kirno : Insyaallah sasi ngarêp mbah.

Mbah Marto : ning êndi mbanguné lé?

Mas Kirno : samping dalêmé ibuk mbah.

Mbah Marto : o ngono tho, wis tak dongakké mugo-mugo diparingi
kêlancaran rêjêki têko gusti Allah.

Mas Kirno : amin, suwun nggih mbah.

Suara cah cilik sing golék iwak ning got pinggir warung nyêluk Lik Min.

Cah cilik : Lik Min, Lik Min ono pênumpang.

Lik Min : ojo ngapusi lho kowé.

Cah cilik : mbotên Lik, sakniki bênêr og, wontên mbak-mbak sing arêp
numpak bécaké Lik Min.

Lik Min : (mlaku mêtu têko warung) awas kowé nék ngapusi mênéh, (mlêbu
mênéh ning warung) wis yo aku tak nuthukké nyambut gawé dhisik.

Dhé Min : mbayar dhisik Min.

Lik Min : catêt waé dhé, mêngko aku mréné mênéh (mlaku mêtu têko warung).

Bêjo : wis kulo tak nyambut gawé malih dhé.

Mas Kirno : minggu ngarêp réwangi mbangun warung yo, kowé karo Bêji
(karo nepuk gêgêré Bêjo).

Bêji : oké, siap mas.

Bêjo : nggih mas, parêng rumiyin nggih.

----------------------------------

Dina pêngumuman tés CPNS kutho Bangkit, akéh wong sing dho dhêlok
hasil tés sing dipasang ning ngarêp pêndopo kabupatén.

Bêjo : wah tênan jênêngku ora masuk ning daftar, wis ikhlas waé,
pancén durung rêjêkiku og.

Mas Kirno : woooiii, Jo, mréné.

Bêjo : (mlaku nyêdaki Mas Kirno) ono opo tho mas?

Mas Kirno : piyé kowé, kêtêrimo ora?

Bêjo : mbotên masuk é mas, mbotên rêjêkiné (karo ngguyu).

Mas Kirno : yo wis sabar waé, durung jodoné (karo ngusap kêringêt
nganggo tissue basah).

Bêjo : pripun mas Kir, kapan mbangun warung?, aku wis péngén ganti
kêrjoan (karo ngguyu mênéh).

Mas Kirno : lha iki sing arêp tak omongké (karo nyêdot aqua gêlas),
ngéné Jo, dina iki matêrialé wis dho têko, rêncanané mêngko soré arêp
tak mulai, paling ora nêntukké bêntuké dhisik. bantu yo Jo!

Bêjo : bérés mas, saora-orané sasi ngarêp aku wis pênsiun têko tukang sampah.

Mas Kirno : Siip lah, tak jamin, insyaAllah.

Karyo : (nyénggol tas é mas Kirno) lho kowé tho No, lagi ngopo ning kéné?

Mas Kirno : yo koyo sampéyan mas, péngén dadi pêgawai kantoran.

Karyo : opo kowé iso nggarap tés wingi?

Mas kirno : nggih sagêd mas tapi yo durung jodoné mas.

Karyo : yo jêlas, wong koyo kowé iki durung pantês dadi PNS ning kéné
(karo ngguyu ngakak).

Mas Kirno : nggih mas, kulo niki wong kéré og, mbotên sagêd sêkolah
dhuwur koyo sampéyan mas.

Karyo : lha iyo makané, kowé iki nék arêp masuk bagian opo waé kéthoké
kok ora pantês, hahaha (ngguyu ngakak). iki sopo? (karo nunjuk Bêjo).

Bêjo : kulo Bêjo mas.

Karyo : kowe iki kan sing biasané nyapu ning alun-alun kan, kowé mélu CPNS juga?

Bêjo : nggih mas.

Karyo : héh mas, rupamu kuwi ora pantês dadi pêgawai, potonganmu kuwi
koyo gémbél mas, hahaha (ngguyu ngakak).

Bêjo : nggih mas.

Karyo : wong sing pantês yo koyo aku ngéné, sêdélok mênéh dadi kêpala
lan pêjabat penting.

Mas Kirno : kok mbotên bupati sisan mas?

Karyo : o, jêlas kuwi, dadi kêpala lan pêjabat lan bupati.

Pak Jono : Yo, sini dulu ada yang papa mau omongin (suara nyêluk mas
karyo têko adoh).

Karyo : Oke pa (mlaku moro arah bapaké), wis ora lévêl ngomong karo
wong cilik koyo kowé-kowé iki, wis kono mulih.

Ning jêro pêndopo bagian pinggir kidul sing ora ramé.

Pak Jono : Yo, papa ada masalah.

Karyo : masalah apa pa?

Pak Jono : kemarin papa sudah ngasih duwit ke pak Bupati biar kamu
jadi pegawai negeri.

Karyo : iya, terus kenapa pa?

Pak Jono : jangan keras-keras kalo ngomong. gini Yo, tadi papa
dipanggil pak bupati, katanya dia mau masukin ponakannya jadi pegawai.

Karyo : ya tinggal masukin aja tho.

Pak Jono : (karo bisik-bisik) masalahnya formasinya itu udah ga bisa
ditambahin lagi, pak bupati mau masukin ponakannya di posisi kamu.

Karyo : terus gimana pa?, papa kan wakil bupati harusnya bisa dong.

Pak Jono : pak Bupati bilang kalo papa gak bisa nambah 30 juta lagi,
posisimu bakal ditempatin ponakannya.

Karyo : ya udah pa bayar aja.

Pak Jono : bayar pake apa? uang sisa proyek pembuatan jalan sudah
habis Yo, tinggal 10 juta, kalau mau korupsi lagi takutnya nanti apês,
ketahuan Yo, masuk penjara.

Karyo : aduh gimana pa?, pokoknya aku gak mau tahu, harus jadi PNS.

Handphoné pak Jono muni, ringtonené nandakké sing nélpon pak Bupati.

Pak Jono : Assalamualaikum pak, selamat siang pak. Siap pak segera
kesana. (Hpne dilêbokké tas hp). Yo, papa dipanggil pak Bupati. kamu
mending pulang, gak enak dilihat orang-orang, kan kamu kemarin gak
ikut tes.

Karyo : tak tunggu ya kabar dari papa.

Ning samping papan pengumuman hasil CPNS, suasanané wis radha sêpi
Mas kirno : Jo, Jo nasibmu ora koyo jênêngmu, bêjo, haha, bêjo durung
jodo dadi pêgawai nêgêri.

Bêjo : nggih mas, mau sapa mas?

Mas Kirno : kanca SMA Jo lan anaké wakil bupati. Jênêngé Karyo.

Mas Bêjo : wah hébat, wong sugih.

Mas Kirno : iyo sugih, wong bapakké tau korupsi duwit proyék jalan raya og.

Bêjo : wah duwit haram kuwi mas.

Mas Kirno : bêtul Jo, éh kowé ngerti ra?

Bêjo : opo mas?

Mas Kirno : wingi wêktu tés CPNS kuwi si Karyo ora mélu lho.

Bêjo : lho lho kok ngono, tênané mas? kok iso lolos?

Mas Kirno : yo jêlas iso, kan bapakké mêsti tuku posisi.

Bêjo : wah, édan kuwi.

Mas Kirno : wis gak édan mênéh tapi uédan, haha (ngguyu ngakak). wis,
yuk saiki ning warungé dhé mi waé, mêngko tak critani macêm-macêm.

Bêjo : oké mas (mlaku ninggalké lokasi pêngumumam tés CPNS).