Sabtu, 14 Mei 2011

Bejo Ora Bejo

Kutho Bangkit jam 09.00 esuk dina senin, wayahe wong-wong kerjo lan cah-cah sekolah wis padha budhal tapi dalan lan trotoar sampinge alun alun iseh kotor
Beji : (markirke sepeda jengki ning ngisor wit cemoro karo jupuk sapu ning boncengan sepeda) wah wah asem tenan, jam semene durung ono sing teko, piye iki sampah akehe semene, moso aku dhewe sing ngresiki. Asem, gaji mung iso nggo mangan tahu tempe malah dikongkon kerja rodi. Wes lah, tak entenane sing liyane, (ngetokke hp teko sak celonone) limolas menit nek gak ono sing teko tak tinggal muleh wae
Bejo : (ngerem mendadak ning mburine Beji) piye Ji? kok iseh kotor kabeh iki piye? niat kerjo gak? (markirke sepeda jengki ning sampinge sepeda Beji)
Beji : asem ik, lha sampeyan iki nang endi wae jam semene lagi teko? opo sampeyan meh dadi PNS trus lali karo tugase?
Bejo : PNS opo?
Beji : Halah, sampeyan iki kaya wong lali wae
Bejo : Ooo kuwi, wong sesuk arep melu ujian CPNS thok ok, kan yo ra mesti lolos Ji, lha wong aku cuma lulusan SMA ok
Beji : lha iseh bejo awamu mas lulusan SMA, lha aku SD wae ora lulus
Bejo : wes, wes, saiki balik nang gawean (jupuk sapu lan pengki), loh sing liyane endi Ji?
Beji : mbuh mas, sinau kanggo tes sesuk paling mas. Sampeyan mau tak kiro yo ora budhal mrene
Bejo : nek aku iki profesional ok Ji
Beji : halah, tukang sapu wae ngomong profesional
Bejo : e, ojo salah lho Ji, wong kerjo iki sing penting profesional. intine kuwi dituntut profesionalisme
Beji : opo kuwi, sampeyan ngerti artine opo ora? (mlaku ninggalke Bejo)
Bejo : yo ngerti no
Beji : (mbalik meneh) opo artine mas?
Bejo : yo ngono artine, kerjo yo kerjo
Beji : halah (neruske langkah)
Awan sekitar jam 1 awan, ning warung kopine Dhe Mi wes ngumpul Lik Min, Mbah Marto lan Mas Kirno
Dhe Mi : sesuk wes siap Kir?
Mas Kirno : siap opo dhe?
Dhe Mi : dadi PNS (karo nompo dhuwit teko bocah cilik sing tuku krupuk)
Mas Kirno : lha iki mas Bejo sing wes siap kethoke
Bejo : siap dunyo akherat dhe (karo ngguyu)
Mas Kirno : aku sakjane emoh melu koyo ngono kuwi dhe, aku iki wes iso makani anak bojo tanpa dadi babu pemerintah
Dhe Mi : lha saben dino ngutang kok muni iso makani anak bojo Kir Kir
Mas Kirno : tapi kan tak bayar dhe
Lik Min : sebenere kuwi kerjomu opo tho Kir
Mas Kirno : lha kuwi daganganku (karo nunjuk akuarium akuarium sing dipajang nang pinggir dalan)
Lik Min : kuwi thok?
Mas Kirno : nggih
Mbah Marto : jare mbiyen kerjo ning pertambangan le?
Mas Kirno : sampun dangu mbah, sakniki sampun ganti
Beji : mas Kirno kan sarjana kok gelem dagang iwak?
Mas Kirno : sarjana endhasmu Ji, aku cuma diploma thok ok
Beji : opo bedhane mas?
Mas Kirno : yo bedha no, wes ra usah dibahas (karo nyeruput kopine sing iseh panas)
Bejo : sing penting kerjo kuwi kudu profesional nggih mas?
Mas Kirno : wah pinter kowe Jo, sinau teko endi?
Beji : mas Bejo kan arep dadi PNS mas, makane pinter (karo mangan gedhang goreng)
Bejo : asem ik
Lik Min : kowe arep mlebu ning bagian opo Jo?
Bejo : kulo pengene nang dinas kebersihan lik
Mas Kirno : wah iki sing jenenge profesional, ahli sampah dadi pegawai kebersihan, sip tenan Jo, tak dongakke Jo
Bejo : suwun mas, lha mas Kirno milih opo?
Mas Kirno : sakjane aku ora niat Jo melu tes, aku dipaksa wong tuo dikongkon dadi PNS pokoke, aku milih ning dinas pertanian Jo
Dhe Mi : kowe kok anteng dhewe Ji, ga melu tes tesan pegawai
Beji : mboten dhe, ngentekke dhuwit, mending tak enggo tuku rokok  dhe (karo ngemut rokok)
Lik Min : ngomong-ngomong kowe wis padha ngerti durung, saiki kuwi jamane pesen formasi pegawai
Bejo : opo kuwi lik
Mas Kirno : iyo lik, wis ngerti aku. ngene lho saiki kuwi sapa wae sing arep dadi PNS kudu pesen dhisik
Bejo : piye tho, aku kok iseh durung mudeng (karo mateni rokoke)
Mas Kirno : ngene Jo, saiki kuwi sebenere kutho Bangkit iki mung butuh 10 PNS, tapi kowe nek pesen dhisik, jatah PNS kutho Bangkit iso ditambah
Bejo : lha sing 10 wong kuwi sing bejo yo mas?
Mas Kirno : 10 wong kuwi yo sing mbayar Jo
Bejo : lha aku yo mbayar lho mas
Mas Kirno : mbayar opo?
Bejo : pendaftaran
Mas Kirno : sing ketompo kuwi sing mbayar 80 jutaan lan titipan sing bapake pejabat utowo kenalane bupati
Bejo : wah tenane mas
Lik Min : mosok kowe gak ngerti Jo, makane ojo nyapu terus
Bejo : terus aku piye iki Lik, gak iso dadi pegawai (karo ngemut rokok)
Beji : aku iseh duwe konco nek ngono
Mbah Marto : hus, kancane pengen dadi pegawai kok ora didongakke
Beji : terus pripun mbah
Mas Kirno : wes gak opo opo, aku yo ora bakal iso masuk PNS, wes ngene ae, kowe tak dadekno pegawaiku wae (nunjuk Bejo)
Beji : aku piye mas?
Mas Kirno : kowe yo iyo, tak dadekke pegawaiku
Dhe Min : pegawai opo Kir, dagang iwak urip wae butuh pegawai
Mas Kirno : wah, dhe Min iki senengane underestimate (karo ngguyu), aku kan rencanane arep mbangun warung makan dhe
Dhe Min : lho nyaingi warungku nek ngono?
Mas Kirno : mboten dhe, warunge dhe Min kan warung kopi lan bukake esuk sampai sore, warungku kuwi warung ikan bakar bukake wayah wengi dhe
Bejo : tenan lho mas
Dhe Min : aku nek mrono gratis yo
Mas Kirno : beres dhe, nek sampun kulo nggih direwangi resik-resik warung (karo ngguyu)
Dhe Min :  o, kowe iku
Mbah Marto : kapan kowe arep mbangun warung le?
Mas kirno : Insyaallah sasi ngarep mbah
Mbah Marto : nang endi mbangune le?
Mas Kirno : samping daleme ibuk mbah
Mbah Marto : o ngono, wes tak dongakke mugo-mugo lancar rejekine
Mas Kirno : amin
Suara cah cilik sing golek iwak nang got pinggir warung nyeluk Lik Min
Cah cilik : Lik Min, Lik Min ono penumpang
Lik Min : ojo ngapusi lho kowe
Cah cilik : mboten Lik, sakniki bener, mbak-mbak sing arep numpak becake Lik Min
Lik Min : (mlaku mentu teko warung) awas kowe nek ngapusi meneh, (mlebu meneh ning warung) wes yo aku tak nyambut gawe dhisik
Dhe Min : mbayar dhisik Min
Lik Min : catet wae dhe, mengko aku mrene meneh (mlaku metu teko warung)
Bejo : wes kulo tak nyambut gawe malih Dhe
Mas Kirno : minggu ngarep rewangi mbangun warung yo, kowe karo Beji
Beji : siap mas
Bejo : nggih mas, pareng nggih

Dina pengumuman tes CPNS kutho Bangkit, akeh wong sing dhelok hasil tes ning ngarep pendopo kabupaten
Bejo : wah tenan jenengke ora masuk ning daftar, wes ikhlas wae durung rejekiku
Mas Kirno : woi, Jo, mrene
Bejo : (mlaku nyedak Mas Kirno) ono opo mas?
Mas Kirno : piye kowe, mlebu ora?
Bejo : mboten masuk e mas
Mas Kirno : yo wes sabar wae, durung jodone (karo ngusap keringet nganggo tissue basah)
Bejo : piye mas, kapan mbangun warung
Mas Kirno : lha iki sing arep tak omongke (karo nyedot aqua gelas), ngene Jo, dina iki materiale wis teko, rencanane mengko sore arep tak mulai, paling ora nentukke bentuke dhisik. bantu yo
Bejo : beres mas, saora-orane sasi ngarep aku wis pensiun teko tukang sampah
Mas Kirno : Siip lah, tak jamin
Mas Karyo : (nyenggol tas e mas Kirno) lho kowe tho No, lagi ngopo nang kene?
Mas Kirno : yo koyo sampeyan mas, pengen dadi pegawai
Mas Karyo : opo kowe iso nggarap tes wingi?
Mas kirno : nggih saged mas tapi durung jodone mas
Mas karyo : yo jelas, wong koyo kowe iki durung pantes dadi PNS nang kene (karo ngguyu ngakak)
Mas Kirno : nggih mas, kulo niki wong kere ok, mboten saged sekoleh duwur koyo Mas Karyo
Mas Karyo : lha iyo, kowe arep masuk bagian opo wae kethoke ora panthes, hahaha. iki sopo? (karo nunjuk Bejo)
Bejo : kulo Bejo mas
Mas Karyo : kowe melu CPNS juga?
Bejo : nggih mas
Mas Karyo : rupamu kuwi ora panthes dadi pegawai, klambimu kuwi koyo wong jadul
Bejo : nggih mas
Mas karyo : wong sing panthes yo koyo aku ngene, sedeluk meneh dadi kepala lan pejabat, hahaha (ngguyu ngakak)
Mas Kirno : kok mboten bupati sisan mas?
Mas karyo : o, jelas kuwi, dadi kepala lan pejabat lan bupati
Pak Jono : Yo, sini dulu ada yang papa mau omongin (suarane nyeluk mas karyo teko adoh)
Mas Karyo : Oke pa (mlaku moro arah bapake), wes gak level ngomong karo wong cilik


Nang njero pendopo bagian pinggir kidul sing ora rame
Pak Jono : Yo, papa ada masalah
Mas Karyo : masalah apa pa?
Pak Jono : kemarin papa sudah ngasih duwit ke pak Bupati biar kamu jadi pegawai
Mas karyo : iya, terus kenapa pa?
Pak Jono : jangan keras-keras kalo ngomong. gini Yo, tadi papa dipanggil pak bupati, katanya dia mau masukin ponakannya jadi pegawai
Mas karyo : ya tinggal masukin aja tho
Pak Jono : (karo bisik-bisik) masalahnya formasinya itu udah ga bisa ditambahin lagi, pak bupati mau masukin ponakannya di posisi kamu
Mas karyo : terus gimana pa?
Pak Jono : pak Bupati bilang kalo papa gak bisa nambah 30 juta lagi, posisimu bakal ditempatin ponakannya
Mas karyo : ya udah pa bayar aja
Pak Jono : bayar pake apa? uang sisa proyek pembuatan jalan udah habis Yo, tinggal 10 juta
Mas karyo : aduh gimana pa?
Handphone pak Jono muni, ringtonene nandakke sing nelpon pak Bupati
Pak Jono : Assalamualaikum pak, selamat siang pak. Siap pak segera kesana. (Hpne dilebokke tas hp) Yo, papa dipanggil pak Bupati. kamu mending pulang, gak enak dilihat orang-orang, kan kamu kemarin gak ikut tes
Mas Karyo : tak tunggu ya kabar dari papa

Nang samping papan pengumuman hasil CPNS, suasanane wis radha sepi
Mas kirno : Jo, Jo nasibmu koyo jenengmu, bejo, haha, bejo durung jodo dadi pegawai
Mas Bejo : nggih mas, mau sapa mas?
Mas Kirno : kanca SMA Jo lan anake majikan bapakku. Jenenge mas Karyo, kuwi bapakke ajudan bupati lho
Mas Bejo : wah hebat, wong sugih
Mas Kirno : iyo sugih, wong bapakke tau korupsi duwit proyek jalan raya
Bejo : wah duwit haram kuwi
Mas Kirno : betul Jo, kowe ngerti ra?
Bejo : opo mas?
Mas Kirno : wingi wektu tes CPNS kuwi si Mas Karyo ga melu lho
Bejo : lho tenane mas? kok iso lolos?
Mas Kirno : yo jelas iso, kan bapakke tuku posisi
Bejo : wah, edan kuwi
Mas Kirno : wis gak edan meneh tapi uedan, haha (ngguyu ngakak). wis, saiki nang warunge dhe mi wae, mengko tak critani macem-macem
Bejo : oke mas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar